Prasasti Ciaruteun

Prasasti Ciaruteun

Prasasti Ciaruteun inggih punika salah satunggaling prasasti abasa Sunda tilaranipun jaman Karajan Tarumanagara ingkang dumunung ing laladan Ciampea, Bogor.[1] Rumiyin, prasasti punika kawastanan Prasasti Ciampea.[1] Ananging, amargi watu punika sepisanan kapanggih ing pinggir kali Ciaruteun, lajeng dipun-gantos dados Prasasti Ciaruteun.[1] Ing prasasti punika wonten sepasang pandatala, inggih punika wangun tapak suku ingkang kacéthak cetha wonten ing pérangan inggil kaliyan dipunhias seratan ingkang ngagem huruf Palawa, saha abasa Sansekerta.[2] Cariyosipun, tapak suku punika tilas tapak sukunipun Maharaja Purnawarman ingkang mandhégani kaliyan nguwasani Karajan Tarumanagara.[2]

  1. a b c Jejak Tarumanagara pada Prasasti Ciaruteun[pranala mati permanèn](dipunundhuh 1 November 2012)
  2. a b Prasasti Ciaruteun(dipunundhuh 2 November 2012)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy